top of page
Cari
Majalah Basis

Ngomah

Sindhunata


KEPARA wis ngancik telung sasi anggone padha mbeguguk ing omah wae. Iku ngono jalarane ya pageblug COVID-19 iki. Sapa wonge sing ora bosen. Semono uga Petruk, Gareng, lan Bagong. Yen nuruti karep, wis selak ora sabar-sabara arep padha ketemu, banjur gayeng dopokan utawa jagongan, kaya adat saben. Mung tilpun-tilpun kirim-kirim WhatsApp wae, rasane kok ora marem. Awit saka kahanan, kabeh meksa isih kudu ngempet. Bosen apa ora, seneng utawa nggresula, ya meksa isih kudu tetep ana ing omah wae.


Nalikane padha krasa bosen, Petruk, Gareng, lan Bagong nuli bebarengan ngonceki apa ta sejatining tembung ngomah iku. Kowe kok ora ngomah ta? Iku tegese, kowe kok ora krasan ta? Nanging dudu mung iku wose tembung ngomah. Ngomah iku ngemu teges sing luwih jembar lan jero. Tembung kuwi klebu salah sawijing piwulang kasepuhan. Aku bisa negesi wose tembung iku, menawa aku uga nglakoni lan ngecakake piwulang mau ing urip padinanku. Yen kapengin ngreti kawruh ngomah, ya kudu nglakoni wani ing omah.


Gareng ngrasakake, jebul ngomah iku ora gampang. Nalikane sengkut anggone mergawe, wong senengane nggagas, mendah penake yen diparengke ana ing omah wae. Nanging, nalikane wektune teka lan ngolehake ana ing omah wae, kaya sing saiki dadi nyata amarga pageblug COVID-19, wong-wong padha ngudarasa, jebul luwih kepenak nyambut gawe, timbang ana omah wae. Arep meneng wae, rumangsa mesakake karo ibune bocah-bocah. Ewadene, yen arep melu ewang-ewang ngenthengke gawe, ya ora weruh apa sing kudu ditindakake. Klera-klerune malah ngisruh gawe. Kamangka ibune bocah-bocah wis banget anggone keblegan gawe. Wis plek batur, iwut ngurus lan ngresiki omah, masak lan olah-olah, ewadene isih nglegakake dadi guru dadakan amarga putra-putrine kudu sinau utawa sekolah ing omah wae. Yen arep celathu, kudu diati-ati temenan. Amarga, yen keprucut sing ora dadi karepe, bisa murugake padu.

Bagong uga ngudarasa. Urip rasane sumpek, amarga kudu ana ing omah wae. Apa maneh, omahe ciut, umpek-umpekan. Arep dolan ing tangga, ya kudu ngati-ati, gandheng protokol “jaga jarak” kudu diestoni. Uga ngati-ati, amrih ora ketularan utawa nulari. Awit sapa ngerti yen awake utawa tanggane kepapar ing virus sing medeni iki.


Arep meneng wae, rumangsa mesakake karo ibune bocah-bocah. Ewadene, yen arep melu ewang-ewang ngenthengke gawe, ya ora weruh apa sing kudu ditindakake. Klera-klerune malah ngisruh gawe.

Panemune Petruk, omah ciut utawa gedhe iku ora bisa didadekake cekelan wong bakal krasan ngomah utawa ora. Mula ana bebasan, “Apa enake urip ing omah gedhong magrong-magrong nanging atine ora seneng, mending urip ing gubuk nanging atine tentrem”. Lire, sing dadi jalarane wong krasan ngomah iku dudu omahe, nanging atine. Sadurunge tekaning pageblug, akeh wong padha ngumukake omahe sing gedhe lan brewu bandhane. Nyatane wong-wong mau ya ora pdha krasan ngomah. Karepe arep nyambut gawe kaya adat sabene apa dolan wae. Kosok baline, akeh wong sing omahe mung prasaja, ora ngayawara werna-werna, trima ana ing omah wae, amarga nemokake tnetreme. Mila ujare Petruk, “Jebule wong bisa ngomah iku dudu amarga duwe omah, nanging amarga wong ditampa lan dimangerteni dening kulawargane”. Lire, ngerti-dingerteni, nampa-tinampa, ngapura-dingapura, yaiku pawitane wong omah-omah, amrih wargane bisa ngomah, krasan ana ing omah wae.


Mula pageblug iku miyakake warana, menawa omah iku dudu mung bangunan gedhong. Jarwane omah iku ana gandheng cenenge karo bab karohanen. Lire, wong sing padha ing omah aja nganti kelangan rasa prangrasa sing bisa ngrumangsa marang siji lan sijine. Yen ora katunggon ing rasa ngrumangsa, omah iku ora bedane karo hotel utawa penginepan. Anggonku bisa ngomah iku uga gumantung apa aku bisa rumaket karo wargane brayatku. Pageblug iku njalari aku bisa ngukur, sepira jerone rumaketing atiku marang kulawargaku. Yen aku ora krasan ngomah, iku negesake, menawa cethek banget rasa rumaketku mau. Omah iku uga bisa ngomahake yen resik. Menawa kabeh reged pating klimbruk, mesti aku ora dadi kawigatenku. Sajroning pageblug, aku banjur nglegewa, omah iku kudu tansah diresiki, amrih aku krasan ngomah. Reresik iku sejatine ora mligi lair, nanging uga batin. Yen batinku reged, aku ora bakal preduli menawa omahku reged. Nanging yen batinku resik, mesti iku bakal sumunar ana ing resike omahku.


Pageblug iku njalari aku bisa ngukur, sepira jerone rumaketing atiku marang kulawargaku. Yen aku ora krasan ngomah, iku negesake, menawa cethek banget rasa rumaketku mau.

Gegayutan karo bab iku, Kyaine Semar donga ing batine. Muga pageblug iki bisa dadi pangeling-eling marang aku kabeh apa sejatine omah. Muga kawiyakna atiku, menawa ya mung omah iku panggonan sing bisa nampa aku, nalikane aku rumangsa wis nglakoni kleru. Yen ora ana omah sing gelem maringi pangapura, banjur ana ing ngendi meneh aku bakal bisa entuk pangapura. Omah iku muga dadia papan anggonku mulih utawa bali. Sawise aku kesasar-sasar mrana-mrene, uripku dadi kelangan keblat lan morat-marit, aku kepengin mulih ngomah, amarga rumangsa ya mung omahku sing gelem nampa aku bali, sanajan nalika tekan ngomah aku mung nggawa mulih dosa lan kaluputanku. Ndak ya ora iki sing ditegeske mawa critane bocah ilang sing bali ing daleme Bapake iku?


________


Artikel ini telah dimuat dalam Majalah Utusan edisi Juli 2020.

154 tampilan

Comments

Couldn’t Load Comments
It looks like there was a technical problem. Try reconnecting or refreshing the page.